Pambagya Raharja Mantu

Assalamu'alaium Wr. Wb.
Para pinisepuh, sesepuh kakung putri ingkang satuhu kinabekten. Para pangemben pangembaling praja satriyaning nagari, ingkang dados pangayoming sesami, para kadang wreda tumaruna,mudha-mudhi ingkang kula tresnani.

Keparenga kula minangka badal wakilipun Bapak Ibu ........ ingkang hamengku gati ingkang binantu sanak kadang sagotrah, kula piniji minangka talanging atur ingkang dados isen isening manah, amargi karoban sih kadarman panjenengan sedaya pramila kalenggahan punika boten kuwawi matur pinyambak.

Minangka purwakaning atur, sumangga tansah enget ngaturaken puji syukur ing ngarsaning Gusti Alloh ingkang sampun paring rahmat, taufiq, lan hidayah, saha inayah-ipun, mliginipun bagas waras lan kalodhangan katitik saged hanjenengi serat sedhahanipun Bapa Ibu ..... ing dhalu punika. Mugiya lumintu pudyastawa tumrap kula tuwin panjenengan sedaya , Amiin.

Wondene gatining sedya, sinaosa sampun kaserata ing serat sedhahan saha sampun kaaturaken sedherek cundhaka ingkang sowan wonten ngarsa panjenengan, boten wonten awonipun manawi kula aturaken malih. Menggah gatining sedya Bapak/Ibu ....... anetepi wajibing asepuh amiwaha putra ngentas pitulus kenya putrining angka setunggal ingkang sesilih gendhuk Siti .... kapalakramakaken kaliyan Bagus .... putra kakungipun Bapak/ Ibu Sugiyanto ingkang pidalem wonten ing dusun Mojosari, Kecamatan Karang Gede, Kabupaten Bantul. Sampun kalampah ijab kabul manut pranataning agami lan negeri ing dinten Sukra Kasih, surya kaping 26 Maret 2012 tabuh 08.00 WIK (Wedal Iring Kulon) wonten ing mesjid  Al Muqorobin, Badegan Kecamatan Bantul Kabupaten Bantul kanti winantu wilujeng kalis ing rubeda.

Ingkang punika panjenengan kasuwun rawuh wonten ing papan punika saperlu kasuwun tambahing donga pangestu dhumateng kekalih, mugi-mugi anggenipun lelumban wonten ing bebrayan agung tansah atut runtut, guyub rukun , ayem tentrem, manggih bagya mulya ang sinedya , rahayi ingkang tinemu, manggiha basuki ingkang kaesthi, supados enggal kaparingan momongan jumbuh kaliyan peperingipun Gusti Allah dalu ratri datan ngarani.

Salajengipun rawuh panjenengan sedaya, ugi aajab saged tambah berkah pangestu dhumateng sedaya brayatipun Bapak ..... anggenipun kagungan mantu punika sageda lumampah kanthi rancag, lulus rahaja, kalis ing rubeda wiwit purwa, madya ngantos wasana. Lumampahing adicara punika boten saged lumampah manawi tanpa eguh pratikel, pamrayogi saking tangga tepalih, sanak sederek, adang warga sedaya ingkang boten saged kula sebataken mbaka setunggal anggen panjenengan paring pambiyantu arupi eguh pratikel, dana driyah, punapa kemawon.

Para rawuh ingkang satuhu kinurmatan, Bapak ..... ugi boten kesupen nyuwun agunging samodra pangaksami, bokmanawi anggen caos sopo aruh, lungguh punapa dene suguh, namung sarwi prasaja, ingkang boten laras kaliyan drajad pangkat bapak/ibu sedherek sedaya. Pramila kanthi andap asoring manah Bapak ...... sakulawangsa nyadhong agunging samodra pangaksami.

Mbokmanawi  rawuh panjenengan sampun ajejawat asta dhumateng temanten kekalih sumrambah bapa tuwin ibu kekalih, panjenengan sedaya kadherekaken makempal kembul bojana kanthi prasaja ingkang sampun lumados wonten ngarsa panjenengan sedaya kanthi mardikaning penggalih. Mbok manawi dhaharan arupi jajan pasar nagasari, randhakemul, semarmendem, kacamata, endhog gludug, jenthikmanis, lan unjukan kirang miraos lan ndadosaken kirang jumbuh aliyan karemenan panjenengan Bapak .... sakulawarga nyuwun agunging samora pangaksami. Tanpa hangirangi pakurmatan dhumateng panjengan sedaya, anggen panjenengan dhahar datan linadosan sinoman, pramila kersaa hangrahapi anthi mardianing penggalih.

Wasana cekap semanten aturipun Bapak .... lumantar kula pramila mbok manawi wonten lepating atur, iranging suba sita, tatarami, unggah ungguh anggen kula matur mawantu wantu nyadhong agunging samora pangaksami, Nuwun

Wassalamu'alaikum Wr Wb


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Doa Pembuka Sebelum Kultum atau Ceramah

Sujud Tilawah